
minggu wingi, dino terakhir liburan riyoyo iki. cah cah njaluk mlaku-mlaku. ora adoh-adoh mung nang cinere mall ae. bojo yo sekalian arep nggoleh janganan kanggo sesuk senen. marahi si pak min tukang sayuran durung mesti teko nang komplek. enake nek mangkat golek barang nang superindo iku yo isuk -isuk... jam 07. wis bukak. sing do tuku yo isih sithik dadi ora perlu ngantri... Biasane bar tuku 2 jangann nang superindo bojo karo cah cah do njaluk golek cemilan neng ruko ngarep cinere mall. yo pancen enak... ono bubur pandawa... ono pangan2an kukus ala jepang kae ( jenenge aku lali ) ... eh wingi kae cah cah malah njaluk nggolek mangan seego. yo wis mangan sego liwete bu Har kae. lha wong pancen lumayan enak yo dadi akeh sing tuku. aku dewe ra ngerti sing jenenge bu Har iku sing ngdhi... la wong sing dodolan ono wong telu. sing siji rodo lemu ginak ginuk... lha saking sibuke ndodoli malah kringete do gemrobyos. lha rak soyo asin segoliwet e..... pas aku mangan ono ibu-2 stw lagi mangan sego liwet nang cedhak
e ono siter ( kae lho sing sok nggo nyionden koyok kecapi kae) ... eh ... lha kok bar-barane dek ne rampung mangane... eh ternyata malah ngamen neng ngarepe cah-cah kae. yo wis..rodo lumayan sawerane wong- wong ... ono nek 5000 nan.
sego liwet loro, teh botol loro, akua siji mung 19.000. yo lumayan. wareg.