sikrunz's posts with tag: sego liwet

What are tags? You can give your posts a "tag", which is like a keyword. Tags help you find content which has something in common. You can assign as many tags as you wish to each post.
View posts by people in your network with tag sego liwet
Blog Entrysego liwetOct 21, '07 11:15 PM
for everyone

minggu wingi, dino terakhir liburan riyoyo iki. cah cah  njaluk  mlaku-mlaku. ora adoh-adoh mung nang cinere mall ae. bojo yo sekalian arep nggoleh  janganan  kanggo sesuk senen. marahi si pak min tukang sayuran durung mesti teko nang komplek. enake nek  mangkat  golek barang nang superindo iku yo isuk -isuk... jam 07. wis bukak. sing do tuku yo isih sithik dadi ora perlu ngantri... Biasane bar tuku 2 jangann nang superindo  bojo karo cah cah do njaluk golek cemilan neng ruko ngarep cinere mall.  yo pancen enak... ono bubur pandawa... ono pangan2an kukus ala jepang kae ( jenenge aku lali ) ... eh wingi kae cah cah malah njaluk  nggolek mangan seego. yo wis mangan  sego liwete bu Har kae.  lha wong pancen  lumayan enak yo dadi akeh sing tuku. aku dewe ra ngerti sing jenenge bu Har iku sing ngdhi... la wong sing dodolan ono wong telu. sing siji rodo lemu ginak ginuk... lha saking sibuke ndodoli malah kringete do gemrobyos. lha rak soyo asin segoliwet e..... pas aku mangan  ono ibu-2  stw lagi  mangan sego liwet nang cedhak
e ono  siter ( kae lho  sing sok nggo  nyionden koyok kecapi kae) ... eh ... lha kok bar-barane dek ne rampung mangane... eh ternyata malah  ngamen neng ngarepe  cah-cah kae. yo wis..rodo lumayan sawerane wong- wong ... ono  nek  5000 nan.

sego liwet loro, teh botol loro, akua siji mung 19.000.  yo lumayan. wareg.
Attachment: sego liwet bu har.jpg

© 2008 Multiply, Inc.    About · Blog · Terms · Privacy · Corp Info · Contact Us · Help